Spesial pake telor. Khusus untuk Dhiyaa Aini Puteri.

23.30

Especially being made for my beloved neighbour!!
DHIYAA AINI PUTERI. Asal kalian tau. Sebenernya namanya dia itu ada "Puteri" nya.
Tapi entah kenapa dan mengapa ia selalu menggunakan nama cukup dgn "Dhiyaa Aini" saja.

He umurmu 16 yo en? Aku sek 15 lho. Bulan ngarep baru 16.
Cilik ngene tibakno yo tuek awakmu yo timbang aku :p
Selamat ulang tahun. Semoga makin tinggi, makin berisi, makin gila dan makin banyak fansmu!!!
Oh yo satu lagi. Semoga gosip yang selama ini beredar bahwa usut punya usut "awakmu iku senengane nolak'i arek lanang soale awakmu iku cuek" iku cepet nyuyut yo.
Koyoke awakmu kudu duwe pacar deh cek gosipmu iki ilang. Kene tak gawekno fanspage nang facebook.
Aku tak nyalonno awakku dewe gawe dadi admin e fanspagemu yo.
*hening*

Sakjane kene tonggoan wes suwi yo en. Tapi jek tas akrab-akrab e pas kelas 6 an.
Aku ae ket ngerti nek tibakno awakmu iku pindahan teko Suroboyo.
Awakmu lak pas TK se pindah nang Sidokare? Kesalahan awakmu iku.
Enak-enak urip nang Suroboyo, eh pindah nang Sidoarjo. Opo maneh njupuk perumahan nang Sidokare.*hening kembali*

En.. en... nek di iling-iling iku kene koncoan wes sampe gak layak-layak yo...
Kene iku koncoan ket jamane aku lagi nyapu halaman omah trus awakmu nyopo aku tapi aku gak eroh awakmu iku sopo. Dan dengan imutnya aku takok "siapa ya?" "Aku Aini blok E, Helda. Anak SD Sidokare 3."
Ket jamane booming-booming e friendster. Awakmu tak pekso-pekso nang omahku cek awakmu gelem nggawekno Sign gawe aku. Sing jelas-jelas kata-katane tak karang dewe trs tak apik-apikno =))
Ket jamane Mxit. Hpku mbok add no nomer Mxit mu terus kontak Mxit mu iku mbok kek'i jeneng "Aini E-13" Prasamu iki yellowpages a. Atek mbok ke'i alamat mu barang =))
Ket jamane awakmu tak kenalno sahabat-sahabatku SMP, Ana-Fina-Wela (iki durung ono Gadis) tapi awakmu keweden solae Ana lagi galau gara-gara kakak kelas terus aku mbek Fina berusaha ngayemno Ana tapi awakmu ga ero opo-opo akhire awakmu mek isok kelap-kelop ambek bolak-balik ngintip teko jendelo kamarku =))
Ket jamane sunatan e Adik mu sing bertemakan serba abang. Terus awakmu bingung kate nggwe klambi opo, akhire awakmu tak kancani muter-muter Distro sak Sidoarjo numpak angkot gawe nggolek klambi werno abang sing cocok gawe awakmu. Duwekku entek 15 ewu dewe gawe numpak angkot en. Gurung becak'e =))
Ket jamane gaya njupuk beberapa helai rambut ambek macak ngirup wangi-wangian di dekek nang irung iku sek termasuk gaya foto paling cool se antero dunia maya ndek jaman iku =))
Ket jamane awakmu gelem ae ngenterno aku ngeprint tugasku 'by foot' padahal warnet e iku kate melbu daerah Taman Pinang =))
Ket jamane sahabatmu dewe iku dadi pacarku padahal sak sebelume pacaran ambek aku d'e pacaran ambek awakmu. Terus aku takok "gakpopo tah en arek iki di gilir?" WEIRD.
Ket jamane awakmu tau ngaplok arek lanang sing sak angkatan ambek awakmu. Terus awakmu melbu nang BP. Dan akhire arek smp 3 sing angkatanmu kabeh iku slalu iling-iling kejadian iki.
Ket jamane kene beberan koran nang loteng omahmu bermodalkan bantal, guling, ambek beberapa botol banyu putih solae aku galau gara-gara sahabatmu iku. Pas aku ngandani awakmu nek aku kate curhat, awakmu ngomong "curhat nang loteng ae hel ambek nontok-nontok bintang nang langit" iki ualay pol en! Asli.
Ket jamane kene berandai-andai nek misale kene melbu nang SMA sing podo opo maneh kene sak kelas terus kene ngkok ngerjakno tugas bareng-bareng. Pinter bareng. Bodoh bareng =))
Ket jamane aku di seneni Mamaku gara-gara aku apene bolos SSC demi nonton futsal terus pas tutuk omah, mamaku gak gelem ngenterno aku nang les-lesan tapi aku di desak untuk harus les. Aku nangis. Akhire mamaku gak tego terus gelem ngenterno aku les ambek akune sesenggukan nang perjalanan. Isin? pol. Setibane nang SSC aku malah nangis tok gak isok nerimo pelajaran. Dan awakmu... ngayemno, nentremno, nuturi, njogo aku sampek awakmu yo gak merhatikno gurune njelasno opo :')
Ket jamane awakmu wes mulai bertekad dan mempunyai keinginan gawe ndowo no rambut, nggawe rok2, dll.
Wes intine dadi Aini sing berpenampilan feminin nan menye polae nyenengi arek :')
Ket jamane awakmu lagi akeh masalah tapi awakmu gak isok cerito nang sahabat-sahabatmu sak sekolah, akhire awakmu angkat bicara tapi awakmu gak cerito malah mek ngomong nek sakjane sing ngerti betapa rapuh nya awakmu dan ngerti njero njobo ne awakmu iku mek AKU :')
Makasih ya dhiyaa aini sudah mercayain aku. Ga bisa di ungkapin kata-kata pokoknya. *waduh kok pole sangar bahasane*
Sebenernya aku udah nulis dari tadi pagi sekalian ngerjain laporan kimia yg ke tunda grgr aku ga masuk tapi aku post malem aja deh ya sekalian, biar bisa jadi pengucap terakhir :3
Aku kena gejala tipes loh, kamu ga jenguk taaaaa?
Ga usah repot-repot. Bawain susu ultra kotak yg gede pun aku udah seneng (pisan iki yo en nduwe konco nek loro neko2, semoga ndak bosan jadi temanku ya mumumu :3)
Oh iya barang kali ada yg belum tau siapa sih yang daritadi aku sebut-sebut. Nih fotonya..

Cantik kan? Imut kan? Yang mau jadi pacarnya antri dulu ya minim 10 tahun.
Kasian yang kemarin-kemarin dateng & naksir duluan, mereka aja belom di ladenin =))
Sekali lagi.....
HAPPY BIRTHDAYYYYYYY EN!!! STAY KEWL, GLAM, FRESH, YOUNG, AND AWESOME :*
GROWING UP TO B A SMART LADY {}

Udah segini aja. Yang di sms juga wishlist nya ga kalah panjang kan ya?

You Might Also Like

0 komentar